Cerita Paling Lucu Sedunia Mukidi Suku / Negara / Bahasa

13 Kumpulan Humor Mukidi Berbahasa Jawa

6. Cerita Mukidi Dadi Mahasiswa S2

Mukidi némbé di takoni karo prof pémbimbingé…….

prof: piyé lé hasil risétmu…..

Mukidi: wah …suksés prof. angsal bérkah saking panjénéngan kula sagét nggabung akén 2 tanéman éngkang béntén jénis ipun. Inggih punika tanéman téla kalihan tanéman klapa

Prof:…wah élok ténan ki…… dadi antarané téla karo klapa kok gabung aké???

Mukidi: Mékatén kasinggihan prof…….

Prof: Wah… mantab bangét pénémuanmu iku……

Mukidi: nggih prof……

Prof: Térus hasil akhiré piyé……..???

Mukidi: ….Géthuk….prof..

Prof: Gundhulmu!


7. Cerita Lucu Mukidi: Tuku Indomie Rego 500

Mbengi-2 si Mukidi wetengé luwé terus moro neng warung arep tuku Indomie.

Mukidi: Onok indomie Mak??

Mak’e : Onok..

Mukidi: Roso karé pitik piroan??

Mak’e : 2000..

Mukidi : Roso kaldu pitik??

Mak’e : Podo aé 2000..

Mukidi : Sing rego 500 onok gak Mak???

Mak’e : Onok..

Mukidi : Roso opo Mak????

Mak’e : Roso TELÈK PITIK E…


8. Cerita Lucu Akal buluse MUKIDI

Ono klinik ditulisi ngene…
sopo ae sing berobat gak waras, duwite dibalekno sampek 5 kali lipat
Saben dino klinik iku rame terus gara2 slogane menjanjikan, tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras, durung tau ono pasien sing komplain, gara2 gak waras.

Erruh ngono iku Mukidi iseng2 pingin berobat mrono, pengin ngetes ben klinike gak iso nangani, terus duwite iso mbalik 5 kali lipat…. waaah lumayannnn isok gawe tuku klambi anyar..

Deweke ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu.

Mukidi: “dok, aku iki kok duwe penyakit aneh yo?”

Dokter: “Penyakit opo cak?”

Mukidi: “Iki loh, aku ben mangan, cangkemku kok gak kroso opo2. Pedes, asin, legi, gak kroso blas..”

Dokter: “Owalah, iku ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7.”

Dokter: “Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?”

Mukidi pura2 gak kroso opo2, ben duwit’e iso mbalik. Bareng diombe, Mukidi langsung misuh2….. keceplosan

Mukidi: “Jangkriiikkkkk…, iki ngono dudu obat dok, tapi telek pitik??”

Dokter: “Wah, berarti kon wis waras, cangkemmu wis iso ngrasakno telek pitik barang”

Akhire Mukidi mulih ambek ngroweng gak mari2. Minggu ngarepe, Mukidi iseng2 meneh, pingin berobat nang klinik maneh.

Mukidi: “dok, aku duwe penyakit aneh”

Dokter*: “Opo iku?”

Mukidi: “Ngene dok. Aku akhir2 iki kok gampang lalian. Jek tas 5 menit ngomong, wis lali sing diomongno”

Dokter: “Walah… gampang iku.”

Mukidi merinding gak karuan.

Dokter: “Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7”

Mukidi: “dok… ojok guyon, aku emoh nek obat nomer 7”

Dokter: “Loh opo’o?”

Mukidi (spontan): “Iku dudu obat, tapi telek pitik”

Dokter: “Lah iku kon eling, Berarti penyakitmu wis waras!!!”

Mukidi: “Wis dok, gak sudi aku……., gak katene berobat meneh. Mosok saben nang kene disuguhi telek pitik !!”.


9. Cerita Lucu MUKIDI: Kacang Ijo

Mukidi: “Sugeng siang Pak dokter..”

dokter: “Wonten nopo pak?”

Mukidi: “Ngeten dok, niki wau kuping tengen kula kelebon kacang ijo..”

dokter: “Ooo ngaten. Monggo sarean miring ngiwo..”

…sawise sauntoro wektu…

dokter: “Niki perlu dioperasi. Namung operasi alit..”

Mukidi: “Lajeng ongkose kinten2 pinten dok?”

dokter: “Sekitar kaleh yuta..”

Mukidi: “Wadhuh kok larang sanget. mBoten saged kirang? Sukur2 yen gratis..”

dokter: “Anggere sabar nggih saged mirah. Malah gratis..”

Mukidi: “Lha pripun carane???”

dokter: “mBen enjing lan sonten njenengan sirami. Mengke nek pun dados kecambah, njenengan dudut..”


10. Cerita Lucu Dokter Mukidi Masang Untu Palsu

Mukidi: “Mbah, untu sampeyan wis ompong, tak pasang untu sing anyar yo?”

Yang Kung: “Oleh ae, ning regone piro??”

Mukidi: “Murah kok mbah… cuma rong yuto..”

Yang Kung: “Yo wes… pasangen.. Larang-larang sithik gak popo..”

Bar untune dipasang, Yang Kung mbayar nang dokter mukidi

Yang Kung: “Iki Dok, tak kontani, rong nyuto…!”

Mari mbayar Yang Kung klunuk klunuk mulih. Let sediluk dokter mukidi mbengok..

Mukidi : “Mbah… Mbaaah… Kosik… mbaliko..!!

Yang Kung: “Lha opo to Dok, duwite kurang?”

Mukidi : “Gak ngono mbah, iki lho duwit sampean palsu kabeh!!”

Yang Kung: “Lha sing mbok pasang nang cangkemku opo untu asLi? Lak yo podo palsune to?!”

Mukidi : “Wong tuwek ediaaannn ..!!”


To top