Cerita Paling Lucu Sedunia Mukidi Suku / Negara / Bahasa

13 Kumpulan Humor Mukidi Berbahasa Jawa

11. Cerita Lucu Mukidi: Medhite Ora Ilang-ilang

Sak plok’e pindhah seko ndeso nyang kutho, Mukidi rejekine lancar. Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang.

“Pak awak’e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur je..!!”, jare Markonah bojone Mukidi.

“Larang..!! ora sah ae..!!”, Mukidi mangsuli cekak aos.

“Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak…!!”

Ora sepiro suwe Mukidi karo Markonah wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat Heli, di temoni Suroso sang pilot. Cocok soal bayarane carter pesawat Heli, Suroso terus ngomong.

“Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!”, Suroso njelaske syarate.

“Cocok pak..!! gelem aku..!!”, jare Mukidi.

Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Suroso mulai ngeburke pesawat Heli ne.Bareng wis mabur Suroso mulai gawe manuver, pesawate di enggok2ke ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir balik barang. Kiro kiro sak jam heli wis mendarat..

Karo ngguya ngguyu Suroso marani Mukidi.

“Wah Pak Mukidiiiii pancen hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!”, jarene Suroso.

“Sak jane aku mau arep omong, ning wedi di dhendho.. aku milih meneng ae, ben oleh hadiah 5 juto”, jare Mukidi.

“Sak jane awakmu arep ngomong opo to Pak..?”, Suroso takon..

“Bojoku tibo Pak…!!”


12. Cerita Mukidi Jawa: SANIRAH METENG, MUKIDI NESU

Mukidi : “Wes dikandani… Nek pacaran iku rak sah macem2.”

“Wis dikandani, nek pacarmu mulai ndemek dodo, kowe ngomong sing buanter OJO!!”

“Wis dikandani, nek pacar mulai nyekel pupu, kowe kudu njerit MANDEK MAS !!”

Sanirah : “Aku yo wes ngomong ngono kuwi pak…”

Mukidi : “Lha kok iso meteng?”

Sanirah : “Lha dodoku karo pupuku dicekel bareng pak…?”

“Yo Aku ngomong ngono kui pak…”

“OJO MANDEK MAS..!! OJO MANDEK MAS….!!”


13. Humor Mukidi Jawa: MUKIDI DOLAN NANG KAFE

Kedadeyan ono ing kafe “Always Love” (Tansah Trisno). Mukidi lungguh dewekan nang Bar. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Bambang mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu-uayu, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok’e marai kemropok.

Mukidi mbatin, “Kapan nasibku koyo Bambang. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek..”

Pas Bambang mlaku nang Bar, Mukidi ono kesempatan takon: “Mbang, piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu-ayu?”

Bambang: “Ojo crito-crito yo, tak kandhani rahasiane… mrene nek awakmu dolan rene maneh… begitu awakmu lungguh neng bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo bar, wis mesti wong wedok-wedok iku marani..”

Mukidi: “Tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan…ditambah maneh dompet ku yo ilang”

Bambang: “Awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki deloken aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma ngono thok modalku..”

Sesuk bengine, Mukidi kledhang-kledhang mlebu kafe; Bambang wis ono neng jero lungguh karo wong wedok telu.

Mukidi marani bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo bar.. gak ono reaksi babar pisan..

Kunci dijupuk maneh disak’i.. Bareng ono wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja bar.. Gak ono reaksi maneh, malah diguyu-guyu.

Bambang sing wiwit mau ngawasno wae langsung marani Mukidi, karo mbisiki, “..awakmu iku lho, kok goublok nemen to….COPOTEN DISIK HELM sepeda montormu!!


To top