Cerita Paling Lucu Sedunia

Cerita Lucu Jawa Gagal Pamer Mobil

Cerita Lucu Jawa – riajenaka.com. Cerita humor kali ini, kami sediakan spesial menggunakan bahasa jawa. Karena bahasa tersebut mempunyai ciri khas lucu yaitu dibagian logatnya, sehingga sangat cocok untuk menghibur kalian yang sedang sedih maupun sedang galau. Cerita lucu bahasa Jawa ini akan membuat kalian pembaca tertawa ngakak sampai lemas. Langsung aja yuk simak ceritanya berikut ini.

Cerita Lucu Jawa Gagal Pamer Mobil

Doyok lagi lungguh dewekan ono ing kafe. Ora let sui, kancane Bagong mlebu kafe kro nggandeng arek wedok 4 sing ayu-ayu kabeh terus lungguh lan guyon cekakak cekikik. Doyok sing weruh kancane nggandeng arek wedok, ngerasa iri. Pas Bagong, menyat garek meng WC, Doyok nyegat lan tekok.

Doyok : “Eh Gong, kok koe iso nggandeng arek wedok akeh eram koyo kae, resepe opo tho? Mbok aku dikei ngerti loh ya ben iso koyo awakmu?”

Bagong : “Gampang Yok, uncalno kunci mobilmu nang mejo bar, mesti arek wedok kui podo nyamperi awakmu.”

Doyok : “Healahhh, tapi aku kan ora due mobil, duene kur motor butut sing kadang knalpote cokan ucul dewe”

Bagong : “Gampang kui, awakmu kur butuh gantungan kunci mobil. Iki delok, aku due gantungan kunci jaguar. Ya kur ngono kui tok modalku.”

Doyok : “Healah penak men yo, yowes sesok tak cubo lah”

Sesuk bengine Doyok semangat banget menyang kafe karo gawa gantungan kunci mobil Ferarri. Langsung mlebu meng kafe lan nyamperi Bangong sing lagi lungguh karo arek-arek wedok. Terus Doyok ngontalke gantungan kuncine meng mejo bar. Nanging ora ono reaksi babar blas, malah podo mesam mesem dewe. Doyok dadi bingung dewe.

Bagong terus nyamperin Doyok lan narik Doyok metu kafe.

Bangong : “Awakmu kii guuuuoooblook tenan cah,”

Doyok : “Lah nyapooo tho?”

Bangong : “Mbok yo nek meh mlbu cafe COPOTEN DHISEK HELM MU!!!!!!!!!”

Doyok : “Healaaahh cuk cukkk, goblokee eram aku kii.. Pantesan aku diguyoni neng arek wedok mau”

To top