Cerita Paling Lucu Sedunia

Cerita Lucu Jawa Pesene Mboke

Cerita Lucu Jawa – Cerita humor kali ini kami terbitkan spesial menggunakan bahasa jawa, karena dianggap lebih lucu dan menghibur dengan logatnya. Kami jamin deh pasti kalian terhibur dan tertawa ngakak setelah membaca ceritanya. Penasarankan hal konyol apa yang ada didalam cerita ini? Langsung aja yuk simak cerita lucu bahasa jawa dibawah ini.

Cerita Lucu Jawa Pesene Mboke

Petruk (7th) arep lunga diterke simbok’e nyegat bis. Ujug-ujug bis,e sing dienteni teko.

Kernet : “Suroboyo,Suroboyo, bu?”

Omas : “Pak, tulung nggih, mengke nek sampun tekan Jombang, lare niki dikandani”

Kernet : “Oh nggih Bu”

Bis akhire mlaku, ora kroso ws tekan terminal Solo. Ujug-ujug Petruk takon

Petruk : “Jombang wis cedhak urung lik”

Kernet : “Durung le, esih suwe”

Ora let sue tekan Sragen, Petruk takon meneh.

Petruk : “Wis tekan Jombang durung lik?”

Kernet : “Durung le, jekk suiiiiii banget”

Petruk sue-sue bosen mergo ora tekan-tekan. Tanpo sadar dek’e keturon. Bis malku terus arah Suroboyo. Ora kroso wis nglewati Jombang adoh. Ujug-ujug keneke kelingan nek mau dipeseni mbok’e petruk. Keneke terus ngomong nang supire.

Kenek : “Waiyoo aku lali kang, aku mau dititipi pesen neng mbok’e cah iki. Nek wis tekan Jombang kon dikandani” (karo nuding marang Petruk)

Sopir : “Waduuhhh lah pie iki, Jomban wis keliwat adoh”

Untunge wae sopire apikan, sak wise njaluk persetujuan marang penumpang liane. Akhire bis’e puter balik meng Jombang. Sak wise tekan Jombang, Petruk digugah.

Kenek : “Lee tangi le… Wis tekan Jombang iki loh.” (karo goyang-goyangna awake Petruk)

Mukidi : “Ohh wis tekan Jombang ya lik” (Langsung mbukak bekel segone)

Kenek : “Mudun kene tho Le?”

Mukidi : “Ora Lik, wong aku arep nyang Suroboyo kok. Mau simbok ngandani, nek wis tekan Jombang, sangune kon di pangan.”

Kenek : “Oalaaahhh Wedhuuuuuussss tenan kii bocah, tiwas wis mbalik oo!!!”

 

To top